Sawijining
sore katon Pras, Yudhi lan Pandu lagi sinau bareng ing teras omahe Pras”
“Eh Yud, yen soal nomer loro iku piye?” pitakone Pandu
“kuwi nganggo cara sing diwarahi Bu Guru mau awan kae lho Pan”
“Oh iya…sing mau digarap Pras ning ngarep kae ya Yud” Pandu katon
mudeng sinambi manthuk-manthuk
“yup betul subenar” jawabe Yudi
***
“eh..leren sik cah, iki ono es sirup, ya sepurane wae Ibu lagi
tindak ning daleme Budhe dadi ora masak deh, kepeksane banyu wae ora pa pa ya
cah heheh” Pras metu saka njero omah sinambi cengar cengir
“hmm…dasar bocah-bocah hiperbola kabeh”
***
“kulanuwun, Asalamualaikum mas ” Ujug-ujug wae ono Bapak setengah
sepuh wis jumeneng uluk salam ing cedhak teras marai bocah telu padha
njenggirat kaget
“Waalaikumsalam Pak” jawabe bocah-bocah
“Enggih Pak, wonten kersa punapa?” pitakone Pras bingung, amarga
ndelok baki isi kardus ing tangane bapak kuwi
“punika kula diutus ngaturi dhaharan mas”
“maturnuwun pak” jawabe Pras cekak
“Pareng mas”
“sumangga..ndhereaken”
***
“Wah lumayan ki cah, ayo diserbu bareng-bareng ono kerdusan ki”
ajake Pras semangat marang Pandu lan Yudhi
“sik-sik sedhela mas bro….iku bancaan saka endi coba?, mau wis
takon durung awakmu” Yudhi rada sujana
“oh iya..koq aku mau ora takon ya?” Pras rada mangu-mangu
“eh tapi mau kan bapake katon yakin leh ngendikan to?berarti wis
bener kuwi Pras” Pandu nyoba ngyakinke bocah loro
“ah iya kuwi Pan…yo wis sip Let’s Go Eat!!!!”
komandone Pras
***
ing tengah gayenge kembul bujana…
“mas, nuwun sewu….wau kula klentu, jebul dhaharan wau kagem Pak
Yitno, sing griyane nomer 12, niki nomer 11 nggih?” jebul bapak setengah
sepuh sing ngeteri kerdus bancaan mbalik maneh
“Astaghfirullah pak….pripun niki, lha mpun kula maem bareng
rencang-rencang niku” Pras njawab sinambi keselek kanthi praupan pucet
“wah..mboten napa-napa mas, kula ingkang salah wau mboten tanglet
rumiyin…nggih sampun kula nyuwun pamit mas, mboten napa-napa mangga diteraske
mawon…pareng mas”
“enggg….gih pak” jawabe bocah telu lemes kisinan
Tidak ada komentar:
Posting Komentar