Yen ing pungkasan tulisan bab
sejarahe Jawa ing JB No. 40 lan 41 kepungkur penulis wis ngaturake anane
sawetara sastrawan/budayawan Jawa sing ada-ada ngruwat aksara Jawa,
othak-athike penulis bab “abjad” aksara Jawa iki babarpisan ORA sumedya ngganti
abjad aksara Jawa sing diarani sastra sarimbagan utawa carakan. Sepisan maneh:
ORA!
Mung salah siji sarana nyuntak
gagasan “abjad” aksara Jawa iku uga bisa awujud sastra sarimbagan nanging dudu
carakan. Yen ing carakan larikan kapisan unine HA NA CA RA KA (ana caraka utawa
utusan), ing othak-athik iki penulis njenengake “dhagelan” awit ing larikan
kapisan unine HA NA DHA GA LA (ana dhagelan utawa badhut). Dhapukan “abjad
dhagelan” sawutuhe kaya kang katur ing ngisor iki:
HA NA DHA GA LA
(ANA DHAGELAN)
YA NGA MA CA THA
(YEN NGOMONG CETHA)
RA BA TA KA SA
(REBUTAN KURSI)
NYA WA DA JA PA
(NYAWA DIJUPUK)
“Abjad” kasebut bisa disurasa kanthi
ringkes utawa rowa. Ing kene penulis mung ngaturake oncek-oncekan sawatara
kanthi ringkes dicundhukake karo winatese papan ing rubrik othak-athik mathuk
iki. Yen mathuk lan sarujuk, para maos mesthine isih bisa ngulir lan ngulur
maneh. Sumangga kersa. Dene surasa kanthi ringkes kaaturake mangkene:
HA NA DHA GA LA
Ana dhagelan. Dhagelan lumrahe ana ing panggung tontonan. Ing panggung
kethoprak, sandiwara, banyolan panakawan ing pawayangan lan sapanunggalane.
Nanging uga ana sing ngarani yen lumahing jagad iki, mujudake panggung
dhagelan. Ing endi-endi ana dhagelan. Ing kalangan legislatif, eksekutif,
yudikatif, bank, BUMN, proyek, lan liya-liyane ora sepi dhagelan.
Dhagelan ing panggung tontonan bisa
dadi panglipur, bisa gawe guyu kepingkel-pingkel. Nanging dhagelan ing
papan-papan saliyane panggung kasebut ing ngarep malah agawe mangkel, anyel.
Gawe rugine negara, gawe kasangsarane rakyat.
YA NGA MA CA THA
Yen ngomong cetha. Omongane gampang ditampa. Sing ngrungokake lan sing krungu
bisa kepencut karo omongane dhagelan sing pinter mikat ati. Sumpah lan
janji-janjine kaya tenan-tenana. Nanging kabeh mau mung lelamisan kanggo
nggayuh tujuan sing mung kanggo kepentingane dhiri pribadi, kulawarga, lan
golongane. Bareng wis kelakon gegayuhane, lali (nglali) karo omongane, karo
sumpah jabatane, cidra ing ubaya, ora bawa laksana, ora netepi pangandika.
RA BA TA KA SA
Rebutan kursi. Kursi ing pangreten iki nunggal surasa karo kalungguhan
utawa jabatan. Ana sing ngarani tahta. Kursi sing nekakake rejeki. Tumrap
saperangan wong sing ngaku dadi pemimpin, kursi mono ana sing ora dianggo ngentas
kasangsarane rakyat, nanging kanggo numpuk donya brana. Tahta lan harta tumrap
pemimpin-pemimpin sing lali marang Pangerane, sing lali karo sing mesthine
dipimpin, malah disalahgunakake kanggo ngumbar angkara murka nggandheng wanita
liya (dudu bojone). Dene para kawula, embuh masa bodhoa, sing penting bisa
terus nglungguhi kursi empuk numpuk bandha.
Apa ngene iki sing diarani jaman
Satriya Piningit, lire watak satriya ora ketara (piningit) dene watak danawa
angkara murka diumbar ndadra? Padha rebutan kursi, rebutan kalungguhan, rebutan
rejeki. Kapan jumedhule Satriya Piningit mbrastha angkara murka, pancen isih
dadi kekerane Gusti Kang Maha Kawasa. Mangkono uga Ratu Adil durung jumedhul,
sing ana malah ratu-ratu (para pemimpin) sing diadili marga nyalahgunakake
jabatane sarana KKN (Korupsi, Kolusi, Nepotisme).
NYA WA DA JA PA
Nyawa dijupuk. Supaya bisa lan tansah bisa nglungguhi kursi jabatan,
maneka cara ditindakake. Kasar-alus dilakoni. Sing sajak bisa dadi pepalang,
disingkirake. Kanca bisa dadi satru. Yen dianggep perlu ora wigah-wigih gawe
paeka utawa fitnah, gawe pepati ndhisiki kersane Pangeran.
Mangkono mau surasane “abjad” Aksara
Jawa Dhagelan othak-athike penulis. Surasa kasebut isih bisa diudhal nganti
ngandhar-andhar angendukur. Sanajan mung reringkesan, penulis precaya, para
maos wis bisa nanggapi.
Kaya kang wis katur ing ngarep
“abjad” dhagelan kasebut ora kanggo ada-ada ngruwat abjad ha-na-ca-ra-ka. Dene
gagasan ngruwat abjad sing cundhuk karo donyaning pendidikan, sing nduweni daya
panjurung (motivatif), daya panggulawenthah (edukatif), lan daya panggrengseng
semangat (spirit) ing alam Indonesia Membangun, bakal kaaturake ing
papan lan kalodhangan candhake.
Ature: M. Soemarsono
Tidak ada komentar:
Posting Komentar