1.
Adhang-adhang
tètèsé êmbún.
Njagakaké barang mung sak olèh olèhé.
Njagakaké barang mung sak olèh olèhé.
2.
Adigang,
adigúng, adigunå
Ngêndêlaké kakuwatané, kaluhurané lan kapintêrané
Ngêndêlaké kakuwatané, kaluhurané lan kapintêrané
3.
Aji
gódhóng garíng.
Wis ora ånå ajiné/asór banget
Wis ora ånå ajiné/asór banget
4.
Ånå
catúr mungkúr.
Ora gelem ngrungókaké rêrasan kang ora bêcík
Ora gelem ngrungókaké rêrasan kang ora bêcík
5.
Ånå
daulaté ora ånå bêgjané.
Arep nêmu kabêgjan, ning ora sidå.
Arep nêmu kabêgjan, ning ora sidå.
6.
Ånå
gulå ånå sêmut.
Panggonan síng akèh rêjêkiné, mêsti akèh sing nêkani.
Panggonan síng akèh rêjêkiné, mêsti akèh sing nêkani.
7.
Anak
polah båpå kêpradah.
Tingkah polahé anak dadi tanggungané wóng tuwå.
Tingkah polahé anak dadi tanggungané wóng tuwå.
8.
Anggênthóng
umós.
Wóng kang ora biså nyimpen wêwadi.
Wóng kang ora biså nyimpen wêwadi.
9.
Angón
mångså.
Golèk waktu kang prayogó kanggo tumindak.
Golèk waktu kang prayogó kanggo tumindak.
10.
Angón
ulat ngumbar tangan.
Ngulataké kaanan yèn limpé banjur dicólóng.
Ngulataké kaanan yèn limpé banjur dicólóng.
11.
Arêp
jamuré êmoh watangé.
Gêlêm kêpenaké ora gêlêm rêkasané.
Gêlêm kêpenaké ora gêlêm rêkasané.
12.
Asu
rêbutan balúng.
Rebutan barang kang sêpélé.
Rebutan barang kang sêpélé.
13.
Asu
bêlang kalúng wang.
Wóng asór nangíng sugíh.
Wóng asór nangíng sugíh.
14.
Asu
gêdhé mênang kêrahé.
15.
Wóng
kang dhuwúr pangkaté, mêsthi baé luwih gêdhé panguwasané
16.
Asu
marani gebúk.
Njarag marani bêbaya.
Njarag marani bêbaya.
17. Ati béngkong olèh óncóng.
Wóng duwé niyat ålå oléh dalan.
Wóng duwé niyat ålå oléh dalan.
18. Bålådéwå ilang gapité.
Ilang kakuwatané/kaluhurané.
Ilang kakuwatané/kaluhurané.
19. Banyu pinêrang ora bakal pêdhót.
20.
Pasulayané
sêdulur ora bakal medhótake pasêdulurane.
21.
Bathang
lêlaku.
Lunga ijèn ngambah panggonan kang mbêbayani.
Lunga ijèn ngambah panggonan kang mbêbayani.
22.
Blåbå
wudå.
Saking lomane nganti awake dhéwé ora kêduman.
Saking lomane nganti awake dhéwé ora kêduman.
23.
Bèbèk
mungsuh mliwís.
Wóng pintêr mungsuh pådhå wóng pintêr.
Wóng pintêr mungsuh pådhå wóng pintêr.
24.
Bêcík
kêtitík ålå kêtårå.
Bêcik lan ålå bakal kêtårå ing têmbé mburiné.
Bêcik lan ålå bakal kêtårå ing têmbé mburiné.
25.
Bêlo
mèlu sêton.
Manút grubyúk ora ngêrti karêpé.
Manút grubyúk ora ngêrti karêpé.
26.
Bêras
wutah arang bali mênyang takêré.
Barang kang wís owah ora bakal bali kaya mauné.
Barang kang wís owah ora bakal bali kaya mauné.
27.
mBidhúng
api rowang.
Ethók-éthók nulúng nangíng sêjatiné arêp ngrusuhi.
Ethók-éthók nulúng nangíng sêjatiné arêp ngrusuhi.
28.
Blilu
tau pintêr durúng nglakoni.
Wóng bodho nanging sêríng nglakóni, luwih pintêr karo wóng pintêr nanging durung tau nglakóni.
Wóng bodho nanging sêríng nglakóni, luwih pintêr karo wóng pintêr nanging durung tau nglakóni.
29.
Bubuk
olèh lèng.
Wóng duwé niyat ålå olèh dalan.
Wóng duwé niyat ålå olèh dalan.
30.
Búng
príng petúng.
Bocah kang lónggór (gêlis gêdhé).
Bocah kang lónggór (gêlis gêdhé).
31.
Buntêl
kadút, ora kinang ora udút.
Wóng nyambút gawe bóróngan ora olèh mangan lan udut /rokok.
Wóng nyambút gawe bóróngan ora olèh mangan lan udut /rokok.
32.
mBuru
ucêng kélangan dhêlêg.
Mburu barang sêpélé malah kélangan barang kang luwíh gêdhé.
Mburu barang sêpélé malah kélangan barang kang luwíh gêdhé.
33. Busúk kêtêkúk, pintêr kêblingêr.
Síng bodho lan síng pintêr pådhå nêmu cilåkå.
Síng bodho lan síng pintêr pådhå nêmu cilåkå.
34.
Carang
canthèl.
Ora diajak gunêman nanging mèlu-mèlu ngrêmbug.
Ora diajak gunêman nanging mèlu-mèlu ngrêmbug.
35.
Car-cór
kåyå kurang janganan.
Ngómóng cêplas-cêplós ora dipikir dhisik.
Ngómóng cêplas-cêplós ora dipikir dhisik.
36.
Cathók
gawèl.
Sênêng cawé cawé mêsthi ora diajak gunêman.
Sênêng cawé cawé mêsthi ora diajak gunêman.
37.
Céból
nggayúh lintang.
Kêkarêpan kang mokal bakal kêlakón.
Kêkarêpan kang mokal bakal kêlakón.
38.
Cêcak
nguntal cagak.
Gêgayuhan kang ora imbang kekuwatan.
Gêgayuhan kang ora imbang kekuwatan.
39.
Cêdhak
cèlèng boloté.
Cêdhak karo wong ålå bakal katut ålå.
Cêdhak karo wong ålå bakal katut ålå.
40.
Cêdhak
kêbo gupak.
Cêdhak karo wong ålå bakal katut ålå.
Cêdhak karo wong ålå bakal katut ålå.
41.
Ciri
wanci lêlai ginawa mati.
Pakulinan ålå ora biså diowahi yèn durung nganti mati.
Pakulinan ålå ora biså diowahi yèn durung nganti mati.
42.
Cincing-cincing
mêksa klêbus.
Karêp ngirid nanging malah êntèk akèh.
Karêp ngirid nanging malah êntèk akèh.
43.
Criwis
cawís.
Sênêng maido nanging yó sênêng mènèhi/muruki.
Sênêng maido nanging yó sênêng mènèhi/muruki.
44. Cuplak andhêng – andhêng yèn ora
pêrnah panggonan bakal disingkiraké.
Wóng kang njalari ålå, bêcík disingkiraké.
Wóng kang njalari ålå, bêcík disingkiraké.
45.
Dadiyå
banyu emóh nyawuk, dadiyå gódhóng emóh nyuwèk, dadiyå sukêt emóh nyênggút.
Wis ora gêlêm nyanak / såpa arúh.
Wis ora gêlêm nyanak / såpa arúh.
46.
Dahwèn
ati opèn.
Nacad nangíng mbênêrake wong liya.
Nacad nangíng mbênêrake wong liya.
47.
Dhandhang
diunèkaké kuntúl, kuntúl diunèkaké dhandhang.
Ålå diunèkaké bêcí, bêcík diunèkake ålå.
Ålå diunèkaké bêcí, bêcík diunèkake ålå.
48.
Déså
måwå cårå, negårå måwå tåtå.
Saben panggonan duwé cårå utåwå adat dhéwé dhéwé.
Saben panggonan duwé cårå utåwå adat dhéwé dhéwé.
49.
Dhêmit
ora ndulít, sétan ora doyan.
Tansah diparingi slamêt ora ånå kang ngrusuhi.
Tansah diparingi slamêt ora ånå kang ngrusuhi.
50.
Digarókake
dilukókake.
Dikóngkón nyambút gawe abót.
Dikóngkón nyambút gawe abót.
51.
Didhadhungå
medhót, dipalangånå mlumpat.
Wóng kang kêncêng karêpé, ora kênå dipênggah manèh.
Wóng kang kêncêng karêpé, ora kênå dipênggah manèh.
52.
Diwènèhi
ati ngrógóh rêmpêla.
Wis diwènèhi sêthithík, malah njaluk kang akèh.
Wis diwènèhi sêthithík, malah njaluk kang akèh.
53.
Dóm
sumurup ing banyu.
Laku sêsidhêman kanggo mêruhi wêwadi.
Laku sêsidhêman kanggo mêruhi wêwadi.
54.
Dudu
sanak dudu kadang, yèn mati mèlu kélangan.
Sênajan wóng liya nèk nêmoni rêkasa bakal dibélani.
Sênajan wóng liya nèk nêmoni rêkasa bakal dibélani.
55.
Dukå
yayah sanipi, jåjå bang mawingå wingå.
Wóng kang nêsu banget.
Wóng kang nêsu banget.
56.
Dudutan
lan anculan.
Pådhå kêthikan, síng siji éthok-éthok ora ngêrti.
Pådhå kêthikan, síng siji éthok-éthok ora ngêrti.
57.
Durúng
ilang pupak lêmpuyangé.
Wóng kang dianggêp bocah cilík durung ngêrti åpå-åpå.
Wóng kang dianggêp bocah cilík durung ngêrti åpå-åpå.
58. Durúng pêcus kêsêlak bêsús.
Durúng sêmbada nanging kêpingín síng ora-ora.
Durúng sêmbada nanging kêpingín síng ora-ora.
59. Éman éman ora keduman.
60.
Karêp
éman malah awaké dhéwé ora kêduman.
61.
Êmban
cindé êmban siladan.
Pilíh kasíh ora adíl.
Pilíh kasíh ora adíl.
62.
Êmbat
êmbat cêlarat.
Wóng nyambút gawé kanthi ngati-ati bangêt.
Wóng nyambút gawé kanthi ngati-ati bangêt.
63.
Êmprít
abuntút bêdhúg.
Pêrkara síng mauné sêpélé dadi gêdhé.
Pêrkara síng mauné sêpélé dadi gêdhé.
64.
Êndhas
gundhúl dikêpêti.
Wís kêpénak ditambahi kêpénak manèh.
Wís kêpénak ditambahi kêpénak manèh.
65.
Êndhas
péthak kêtiban êmpyak.
Wóng kang bola-bali nêmu cilaka.
Wóng kang bola-bali nêmu cilaka.
66.
Ênggon
wêlut didoli udhèt.
Panggoné wóng pintêr dipamèri kapintêran síng ora sêpirowå.
Panggoné wóng pintêr dipamèri kapintêran síng ora sêpirowå.
67.
Êntèk
ngamèk kurang golèk.
Olèhé, ngunèni/nyênèni sakatogé.
Olèhé, ngunèni/nyênèni sakatogé.
68.
Êntèk
jaraké.
Wís êntèk kasugihané.
Wís êntèk kasugihané.
69. Ésuk dhêlé soré témpé.
Wóng kang ora têtêp atiné (méncla – ménclé).
Wóng kang ora têtêp atiné (méncla – ménclé).
70.
Gagak
nganggo lar mêrak.
Wóng asór (cilík) tumindak kaya wóng luhúr (gêdhé).
Wóng asór (cilík) tumindak kaya wóng luhúr (gêdhé).
71.
Gajah
alingan sukêt têki.
Laír lan batine ora pådhå, mêsti bakal kêtårå.
Laír lan batine ora pådhå, mêsti bakal kêtårå.
72.
(ng)
Gajah êlar.
Sarwå gêdhé lan dhuwur kêkarêpané.
Sarwå gêdhé lan dhuwur kêkarêpané.
73.
Gajah
ngidak rapah.
Nrajang wêwalêr dhéwé.
Nrajang wêwalêr dhéwé.
74.
Gajah
pêrang karo gajah, kancíl mati ing têngah.
Wóng gêdhe kang pådhå pasulayan, wóng cilík síng dadi korban.
Wóng gêdhe kang pådhå pasulayan, wóng cilík síng dadi korban.
75.
Garang
garíng.
Wóng sêmugíh nangíng sêjatiné kêkurangan.
Wóng sêmugíh nangíng sêjatiné kêkurangan.
76.
Gawé
luwangan nggo ngurugi luwangan.
Golèk utangan kanggo nyaúr utang síng dhisík.
Golèk utangan kanggo nyaúr utang síng dhisík.
77.
Gayúk-gayúk
tuna, nggayúh nggayúh lupút.
Samubarang kang dikarêpaké ora bisa kêturutan.
Samubarang kang dikarêpaké ora bisa kêturutan.
78.
Gliyak-gliyak
tumindak, sarèh pakolèh.
Sênajan alon-alon anggoné tumindak, nangíng bisa kalêksanan kêkarêpané.
Sênajan alon-alon anggoné tumindak, nangíng bisa kalêksanan kêkarêpané.
79.
Golèk
banyu bêníng.
Mêguru golèk kawruh síng bêcík.
Mêguru golèk kawruh síng bêcík.
80.
Golèk-golèk
kêtêmu wóng luru-luru.
Karêpe arêp golèk utangan malah diutangi (dijaluki utang).
Karêpe arêp golèk utangan malah diutangi (dijaluki utang).
81. Gupak puluté ora mangan nangkané.
82.
Mèlu
rêkasa nangíng ora mèlu ngrasakaké kêpénak.
83.
Idu
didilat manèh.
Murungaké janji síng wís diucapaké.
Murungaké janji síng wís diucapaké.
84. Iwak lumêbu wuwu.
Wóng kêna apus kanthi gampang.
Wóng kêna apus kanthi gampang.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar