Menyusun
Geguritan
dening : nikmatu amalina
Wewaton
geguritan kuwi padha karo puisi
Indonesia modhern. Geguritan kudu karacik mawa
tetembungan sing endah, banjur sinawung utawa karonce dadi ukara-ukara sing
bisa nggugah rasa kesengsem tumrap sok sapaa sing maca. Lan kasok baline sing
maca ya ora mung waton maca, nanging ya kudu bisa negesi utawa mangerteni ing
endi dununging kaendahan gurit kuwi.
Babagan
kang wigati digatekake nalika ngripta geguritan supaya bisa endah yaiku :
1.
Kahanane
rasa utawa ati lan papan sakiwa tengene (lingkungan)
2.
Nemtokaken
bakune pikiran (tema) yaiku gagasan (ide) baku utawi pikiran baku sing dadi
dhasare geguritan.
3.
Milih
irah-irahan sing apik utawa trep karo karepe gurit
4. Milih
tembung sing apik lan mentes lan pamilihing tembung dienggo ing geguritan sing
cocok (diksi) tuladha: tembung- tembung kang
mbangetake kahanan(anyep njejet, adhem
njekut, sepi nyenyet, lsp)
5. Bisa migunakake purwakanthi
Geguritan, kedadean saka
tembung-tembung lan ukara sing dinggo caturan ing saben dinane ora bisa kasebut
endah, nanging mung dadi layang
wacan lumrah wae. Lamun dirasa tenan kok nggumunake, uwong kok gelem-geleme lan
keraya-raya nganggit gurit, mangka pandhemene wis langka, kepara lamun ora ana
sing gelem nguri-uri bakale ludhes kalindhes jaman. Kamangka sok sapaa bisa
ngrasakake isine gurit, ora mokal bisa ngerti apa sing dikarepake penggurit
bisa uga ngrasakake apa kang dirasakake penggurit nalika nganggit gurit,
pamacaning gurit bisa ndudut rasa kepara bisa kanggo pengilon (mawas dhiri)
nalika sawijining perkara tumanduk ing awake. Minangka penggurit, ora merduli
babar blas ing bab gurit kuwi disenengi utawa ora dening sutresna utawa
pamaose, nanging tetep mantep nganggit gurit kanthi sabar lan tlaten sing ora
baen-baen, waton ati krasa lega bisa nyuntak utawa nggambarake apa kang
diangen-angen embuh kuwi rasa seneng, gething keburu sengit utawa amung
nyritakake kahanan.
Tembung-tembung sing nyleneh ing geguritan
ngajab lamun gurit iku bisaa milangoni
(gawe ngungun, eram, seneng, trenyuh, kapang) uga manuhara (ngalem, ngrerepa
murih kagatekake), bisa gawe adhem, resep, ayem, nggugah semangat murih bangkit
datan rangu-rangu, dadia pitakon minangka seserepan murih tumancep rapet ing telenging
nala minangka pamepering hawa. Ngrembakane
geguritan kuwi uga trep kaya dene sipat lan kasunyatane puisi sing tansah butuh
daya cipta (kreatifitas) manut dening
rasa kaendahan (estetika) murih edi
datan kelangan pilihan tembung utawa ukara, mliginine basa sing edi, yaiku basa
sing dirasa kepenak dirungu. Dene basa sing dirasa edi kuwi yaiku basa Kawi,
kepara panganggone basa Kawi wektu saiki suda, malah kepara wis arang-arang lan
langka. Bab kuwi ora mung geguritan wae sing wis ora nggunakake basa
Kawi, jinis-jinis puisi Jawa liyane uga wis arang-arang sing migunaake basa
Pujangga kuwi.
Tuladha Teks
Geguritan
JUM’AT BERSIH
dening : Natya Ayu P
Saben
Jum’at,
ing wektu
pungkasaning wulangan,
kanthi
lap, sulak, sapu duk lan sapu sada,
aku sakanca siap siyaga,
nedya makarya resiking pawiyatan.
Kanthi
kapimpin para dwija,
reresik
kelas bebarengan,
merang
pakaryan bareng tumandang,
ngelap
kaca, nyulaki meja,
nyapu
kelas sarta latar,
dimen
resik lan gilar-gilar
Seminggu sepisan ing dina Jum’at,
Kagunakake
kanggo reresik sekolah,
Sarana
andhapuk karukunaning warga,
Anggayuh
pepenginan sejati.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar