Wong-wong
ing desa iku padha masak kang sarwa enak kanggo nyiapakake pesta. Kabeh padha
saiyeg saeka kapti, ora ana kang keri. Wong-wong padha nyiapakake ubarampe
pesta kang minangka wujud rasa syukur marang Gusti Kang Akarya Jagad. Ing tengah-tengahing
padha nyambut karya mau, ana bocah kanga la rupane, pesing lan amis gandane,
ora wangun sandhang panganggone, dedeg piadeg dhuwur kencur.
Mangerti
kahanane kang kaya mankono. Waong-waong padha ora seneng, amarga manut
kapitayane masyaraket, bocah ala iki bakal sial, ora oleh berkahanggone pesta.
Kagawa rasa ora seneng mau, mula bocah ala rupane ditundhung kanthi kasar. Bocah mau biasane mung nangis. Karo mlaku
sempoyongan amarga wis pirang-pirang
dina ora mangan,bocah ala mau lunga lan ngodoh saka wong-wong mau. Kanthi ati kang lara lan nabet jroning diece,
ditendhang, bocah ala mau nasak lurung, mlaku menyang kampung kang tanpa arah
lan tujuane. Anggone mlaku ora krasa tekan papan panggonan arupa gubugan kang
sepi kahanane lan adohe papane saka masyarakat kanan kering. Gubug mau mung
dienggoni wong tuwa wedok kang wis dadi randha.
Ing gubug mau, bocah elek rupane
dirumat dening simbah randha. Dheweke diwenehi pangan kanthi lawuh apa anane.
Sawise mangan, bocah ala mau crita
marang simbah , yen dheweke yaiku Baru Klinthing utawa Jaka Bandhung utawa Jaka
Pening. Simbah mau tresna banget marang Baru Klinthing, malah urip bebarengan
sawetara dina. Bareng wis rumangsa cukup dibantu marang simbah , Baru Klinthing
nerusakake laku lan marani wong-wong kampung kang wis nglarakake atine.
Sadurenge lunga, Baru Klinthing weling utawa pesen marang simbah , yen mengko
ana prasastawa gedhe, simbah supaya numpak lesung minangka kanggo prau lan
enthong minangka kanggo wilahan. Ing batin, simbah bingung karo welinge Baru
Klinthing mau, nanging simbah tetep urmat lan ngeling-ngeling paweling kasebut.
Lakune Baru Klinthing linambaran ati kang
goreh lan nggawa sada lanang. Lakune wis tekan kampung kang dituju. Wong-wong
padha metu lan ngusir marang Baru Klinthing kanthi kasar.
Nanging Baru
Klinthing ora gelem lunga, malah nantang marang wong-wong kampung lan netokake
sada lanang. Sada kasebut nuli ditancepake ing lemah. Wong-wong supaya
ndudut Sada mau, yen bisa diwenehi
bebana dening Brau Klinthing. Krungu tembunge Baru Klinthingkang kaya mangkono,
wong-wong padha nesu lan nyoba njabut sada mau. saka sing awake cilik nganti
awake gedhe ora padha bisa njabut. Pungkasane, sada kajabut Klinthing lan
muncrat banyu.Muncrat
banu sansaya suwe sansaya gedhe. Wong- wong padha bingung lan golek papan
panggonane kang luwih dhuwur, munggah omah, menek wit-witan dhuwur , menek wit
klapa nanging banyune sansayasuwe sansaya gedhe lan ngratakake kampung mau.
Omah, kewan,wit-witan, raja brana, raja kaya , lan wong-wong saka mau ora ana
tilase, kabeh padha sirna amarga oleh piwelas saka tumindake dhewe. Kampung
kang mirip rawa iku mau, diarani Rawa Pening.
Rawa
pening saiki dadi panggonan plancongan ing Kabupaten Semarang, Jawa Tengah.
Rawa iki ambane kurang luwih 2.670 hektar lan mapan ing Kecamatan Ambarawa,
Bawen , Tuntang , lan Banyu Biru. Rawa iki mapan ing ereng-ereng Gunung
Merbabu, Telomoyo, lan Ungaran. Rawa iki mapan kurang luwih 900 m sandhuwuring
permukaan laut lan meh saperangan gedhe dithukuli enceng gondhok (eichornia
crassipes).
Rawa
pening dadi panggonane wisata kang ora tau sepi, senajan panggonane iki kurang
dipeperti marang pamerintah ing nagri iki. Nanging , senajan mangono malaah
dadi panggonan wisata air kang asipat alami. Yen arep padha praon bisa nyewa prau
kanggo 10-15 wong kanthi rega kurang luwih selawe ewu rupiyah.
Saiki,
Rawa ndhuweni pirang-pirang panggonan wisata, umpamane Tlogo, Lopait, Bukit
Cinta, Muncul.
Panggonane
iki rame ditekani plancongan . Umpamane wae ing Muncul, wong-wong seneng kanthi masalah khas iwak bakar lan jajan liyane,
saengga ndadekake Rawa Pening kang sansaya aril an wajib dipepetri amrih ora
mati lan dadi ase budaya Jawa Tangah kang sansaya edi lan peni.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar