Kawruh
Kasustran Jawa
dening : nikmatu amalina
Tembung kasusastran saking tembung
susastra. Susastra punika seni basa. Gandheng susastra ngandhut seni mila
ingkang dipunrembag kalebet kaendhahan basa. Endah punika relative miturut
maneka warni kawontenan lan factor.nanging basa ingkang endah limrahipun asipat
jangkep lan cetha. Dados ingkang dipunrembag salebeting kasusastraan inggih
punika bab seni.
Basa
lan sastra kalebet perangan kabudhayan. Kasusastraan salebeting kabudhayan Jawi
“amab tebane” tegesipun kathah materi utawi bahan ingkang kaedah dipunwucalaken
lan dipunrembakaken. Kasusatraan jawi miturut kempalaning bukti utawi tandha
yekti ingkang gumathok saking asal-muasalipun sastra salebeting bebrayan, wiwit
jaman kraton Kediri, Singosari, Majapahit, Demak, Surakarta, Ngayogjakarta,
Balai Pustaka dumugi sapunika kalih inggih punika kasusastraan lisan lan
kasusastraan tulis (Purwadi, 2006:197). Kasusastraan lisan punika awujud dongeng, legenda, crita
rakyat. Kasusastraan tulis awujud naskah, babad, novel. Kasusastraan tulis
kepareng dados kalih inggih menika prosa (gancaran ) lan Puisi (geguritan).
Miturut pangrembakanipun kasusastraan wujud puisi kepareng dados kalih punika
puisi lama lan puisi baru. Puisi lama inggih punika salah satunggaling puisi
ingkang kaiket paugeran-paugeran tartmtu (Purwadi, 2007: 197 ). Wujud puisi
lama antawisipun kakawin, kidng, tembang, parikan lan wangsalan. Dene puisi
baru inggih menika salah satunggaling puisi puisi ingkang boten kaiket patu
paugeran-paugeran tartamtu. Tuladhanipun:
Kalabendu
Tak
sengguh kala bathara wus lebur
Kisas
karo bathara wisnu du king nguni
Nanging
tibake kok ora
Abad
nuklir lan globalisasi kok ya kaya-kaya
Anake
kalabendu
Jalaran
sajake dhengah uwong durung siap mecak
Yen
wus siaga ngono ya ngono ana masalah
Balik
sing durung kok ya kaya gantine kalabendu
Apa
jangkane kalatidha tukul maneh
Mandi
tenan sabdane R.Ng.Ronggowarsita
Kapan-kapan
wae kalabendu bisa tukul maneh
Anggere
titah nora waspada
Lan
mung nuruti hawa
Semarang, 12
April 1994
4.
Puisi Lama
Baribin (salebeting hidayah, 2008:2)
ngandharaken bilih puisi utawi geguritan minangka karya sastra ingkang asipat
puitis. Pamilihing basal an purawkanthi dados bab ingkang dipun gatosaken.
Puisi ugi asipat padhat, tegesipun
nadyan wujudipun cekak ananing puisi kedah ngandharaken pamikiran lan raos
kanthi endah.
Puisi-puisi inggih punika salah
satunggaling puisi ingkang kaiket paugeran-paugeran tartemtu (Purwadi, 2007:
197). Paugeran puisi lama miturut Padmosoekotjo (2008:34) inggih punika :
a. Dhong-dhing
swanten ing pungkasan gatra kedah runtut (gatra swara)
b. Cacahing
wanda saben setunggal gatra kaliyan gatra sanesipun kedah sami
c. Cacahing
gatra boten tinamtu ananging limrahiupun sekawan gatra.
Jinising
puisi lama wonten gangsal inggih punika :
a. Kakawin
Tembung
kakawin asalipun saking babas kawi tegesipun syair, ing jaman kina tiyang wasis
ndamel kasusastraan kakawin dipun wastani karya. Titikaning inggih punika saben
setunggal pada kadadosan saking sekawan gatra lan saben gatra gunggungipun
wanda punika sami. Dene kakawin-kakawin ingkang wonten antawisipun inggih
punika kakwin sardula wikridita kakawin, lalita wisma, aswalalita, raga kusuma.
Tuladha:
-
Kakawin Garirangsi
Singgrong
iong paras oraras aleye kahawan ika ri tepi kang de kung,
Raniyatuntun
angelih ika sang ahayuteher inamber agupyaningras,
Sobarun
rara raras ika saka mulatan irik ari amangun lenglen,
Ardhasor
raras iku ri kayu ni sang amunahi sang garirangsi.
Tegesipun :
-
Kakawin Garirangsi
Ceruk watu padas
ingkang lunyu sarwa nengsemaken mapan wonten sisih margi ingkang dipuntumapaki
dening tiyang ingkang nembe kasmaran,
Katnhi gemulai tiyang
punika bombing nimas ayu ingkang lelah lajeng dipunelus-elus saha gegujengan.
Kaendahing paras nimas
ayu andadosaken sedaya ingkang dipungatosaken terpikat,
Sedaya kaendahan kalah
dening kaecantikan paras sang penakluk ing sanggar asmara.
b. Kidung
Ing jaman tengahan, leresipun ing akhir jaman
kapujanggan Majapahit wonten genre puisi ingkang diopunwastani kidung. Samenika
kathah kitab ingkang dipunewahi kanthi metrum
kidung. Titikaning kidung inggih punika jumlah pada tete, lan jumlah wanda
saben gatra tetep. Dene jinising kidung antawisipun punika kidung harsiwijaya,
subrata, sudayana, sorandaka,ronggolawe, wanbang wideya lan panji prakosa.
Tuladha
:
Kidung Subrataka
Sangtabyana ta
pakulun
Rancana cipta
kumawi
Panji praksa
tembange
Ki Subrataka
kang winuwus
Luputa rng lara
roga
Nirmala waluya
jati
Lauputra ring
pamurung
Luputra ring
baya pati
Tegesipun :
Bagyaning sang
gusti
Kisah pacoban
badhe dipunsekaraken
Kanthi sekar
panji prakasa
Lampahipun Ki
Subrata
Mugi-mugi luput
saking sambekala
Nirmala lan
sehat wal’afiat
Luput saking
alangan
Luput saking
bebaya pati
c. Parikan
Parikan
Ing basa Indonesia asring kawastanan pantun. Parikan punika kalebet puisi arupi
tembang utawi unen-unen ingkang kadadosan saking kalih ukara ingkang dhapukanipun
mawi purwakanthi guru swara, saben ukara dumadi saking kalih gatra, ukara
kapisan manangka purwaka, dene ukara kaping kalih minangka wosipun (Sutardjo,
2008:104). Wondene Suwanto (2007:81-82) ndandharaken, bilih parikan punika
limrahipun dipun ginakaken kangge medharken raosing manah oinggih punika ukara
ingkang isi uatwa waosipun, kanthi dipunwiwiti ukara sanes inggih punika
ingkang kawastanan ukara purawaka utawi sampiran. Ginanipun ukara purwaka naming
nari kawigatosipun tiyang ingakng dipuntuju, supados saderengipun ukara ingkang
ngadhut isi dipunwedharaken tiyang punika saged kayungyun manahipun, stemah
lajeng nggatosaken dhareng ukara ingkang ngandhut isi (wosipun ingkang bahde
dipunwedharaken).
Tidak ada komentar:
Posting Komentar