AYO SINAU

Selasa, 25 November 2014

Sintren

dening : amalina 

Sintren iku salah sijine kesenian rakyat kang mekar ing Indramayu lan Cirebon. Saperangan ana sing ngarani ronggeng buyung (ronggeng=joged, buyung=bocah). Pancen sintren iki pemaine kudu prawan kencur sing durung nggarapsari. Saiki kesenian iki uga ana ing Jawa Tengah, wiwit Brebes, Tegal, Pemalang, nganti Batang, lan ngidul tekan Cilacap. Malah dhisik ing Blora uga tau ana.
Sintren digelar ing desa-desa wayah bubar panen utawa mangsa ketiga. Ora kaweruhan wiwit kapan anane, nanging saka lagu-lagu sing dianggo ngiringi jelas yen wis ana sadurunge agama Islam mlebu ing tlatah penyebarane sintren. Kesenian iki ngandhut magis, ora beda kaya jathilan, reog, jaran kepang, lan liya-liyane. Penarine bisa ora sadhar marga anane kekuwatan gaib kang ngrasuki. Pangundange roh mlebu ing anggane sintren sarana lagu-lagu pujian basa Jawa, saperangan basa Cirebon utawa basa Jawa Reang.
Instrumen utawa gamelan kanggo ngiringi prasaja banget. Yaiku jun (klenthing) loro, sing siji digopeli lambene, ketipung loro, lan kecrek. Anggone nabuh jun nggunakake kain diisi kapuk kaya bantal, yen ora ana bisa nganggo sandhal jepit sing wis ora kanggo. Nabuhe ketipung sing siji nganggo tangan sing siji nganggo tali diwangun pecut dibundheli pucuke.
Alat liyane sing ora bisa keri, kembang, menyan, dlupak kanggo ngobong menyan, jarit, kurungan pitik sing wis dibungkus jarik, penganggone sintren, kaca mata ireng. Pagelaran iki biyasane diwiwiti watara jam 20.00 nganti sepi penonton, watara jam 23.00.

LAKUNE PAGELARAN
Pagelaran sintren ora perlu panggung, cukup ana plataran sing amba utawa lapangan. Yen penonton wis akeh, gamelan wiwit diiringi lagu-lagu pujian kanggo ngundang roh. Sintrene isih nganggo rok biasa. Lagu sepisanan sing ditembangake para pesindhen kang uga dumadi bocah-bocah prawan lan para penabuhe yaiku lagu Turun Sintren, sing baite mangkene:  
Turun-turun sintren 
sintrene widadari
widadari tumuruna
aja suwen mindho dalan
dalan sampun kangelan.
Lagu iki dibolan-baleni, lan penarine maju menyang tengah kalangan. Penari banjur ndhodhok lan dikurungi nganggo kurungan sing wis cemawis, ora kari penganggo sintren, kacamata ireng, roncen kembang mlathi, jarik lan liya-liyane dilebokake kurungan pisan. Gendhing Turun Sintren meneng ganti gendhing Sulasi Sulandana lan Tambak-Tambak Pawon. Gendhing iki terus dikumandhangake. Ora nganti limang menit kurungan dibukak penari wis ganti penganggo, clana, klambi kurung, sampur, sirah ditaleni, roncen kembang mlathi, kacamata ireng.
Dlupak sing wis diobongi menyan keluke diarahake irung sintren, sing banjur ngadeg njoged. Ing burine sintren ana sing ngetutake, njagani yen semaput amrih ora tiba kegeblag. Samangsa sintren semaput banjur diadhepi keluk menyan, banjur eling terus njoged maneh ngetutake iramane gendhing. Dene baite gendhing Sulasi Sulandana lan Tambak-Tambak Pawon kaya ngisor iki:
Suladi Sulandana
 menyan kang ngundang dewa
 ala dewa dening sukma
widadari tumuruna.
Tambak-tambak pawon
aku kena ndang kuwali
mung jaran lan sapi
njaluk prawan sing nomer siji.
Tembang iki dilagokake nalika sintren dikurungi. Saben ganti adegan, sintrene dikurungi maneh lan lagune ganti.

DISAWER
Nalika Sintren njoged mubeng, penonton padha mbalang sintren, nganggo kacu, slendhang, topi, lan liya-liyane. Barang sing kanggo nyawer mau diiseni dhuwit saeklase. Saben kena sawer sintren mesthi semaput lan sing ngetutake kudu enggal-enggal nampani awake amrih ora kegeblag. Nalika Sintren disawer lan semaput, gendhing kang dikumandhangake Aja Ngewer-ewer Putren:
Aja ngewer-ewer putren
sing dikewer rujake bae
aja nyawer-nyawer sintren
sing disawer panjake bae.
Amrih enggal sadhar banjur ditembangake Sowang-Sowang Mati lan Kembang Kiraras, sing unine mangkene:
Sowang-sowang mati
matine pinggir kali 
ora ana sing niliki
 sing niliki widadari
Kembang-kembang kiraras
 paman bibi aja maras
dhalang sintren njaluk waras.
Dlupak dijupuk keluke menyan diarahake irunge, sintrene sadhar maneh lan terus njoged. Barang-barang sing dienggo nyawer dibalekake menyang sing duwe sawise dicroti lenga wangi.
Saya wengi saya rame, penonton padha melu njoged ana tengah kalangan. Kajaba lagu-lagu wajib, saiki iya nuruti panjaluke penonton, klebu lagu-lagu dhangdhut apadene campursari. Nanging lagu-lagu baku kanggo ganti adegan, ora bisa ditinggalake.
Yen penonton wis sepi lan sing nyawer apadene sing njoged wis ora ana, pagelaran dirampungi. Sintrene ndhodhok ing tengah kalangan banjur dikurungi, ditembangake  
Ulung-Ulung.
Ulung-ulung simbar wulung 
si wulung patine layung
ala gandhung eling-eling
ayo si …… (nyebut jenenge asli sintren) padha bali.
Kurungan dibukak, pranyata sintrene wis ganti pakaian biasa. Iki uga ing wektu watara limang menitan. Nganti saiki kesenian Sintren iki isih lestari ing padesan Indramayu lan Cirebon. Yen sintrene bocah lanang, jenenge Lais. Pagelaran, lagu-lagune, apadene ubarampene padha karo sintren. Nanging Lais iki kalah karo Sintren lan ora bisa mekar.
Lagu-lagu Sintren sing kerep digunakake, kajaba kang katur ngarep, isih ana maneh, yaiku  
Orok-Orok (iringan ganti klambi):  
Orok-orok, banyu banjir mapar tembok
 wong nonton padha ndhodhol
 sintren metu salin erok.
Ana maneh,  
Kang Njaluk Dhuwite:
Kang njaluk dhuwite
wong wadon arep lunga pasar
nyoh ana dhuwit selawe perak
beli cukup nyang ngalor ngidule
Kang mene dhuwite kabeh
wong lanang kepengin kegayahane
wong lanang kepengin kopi bukete.
Kembang Jagung:
Kembang-kembang jagung
manuk manglung neng tengah lurung
nandur kembang neng pepedan
mlakune sintren gojag-gajigan.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

 

Blogger news

Blogroll

About