AYO SINAU

Rabu, 26 Oktober 2016

GURIT

Tuntas mangsaku
(ndudah mangsa sing kelakon 4)

Layu-layu
Sampun sowan wonten
Ngarsanipun sang hyung wekdal
Rikala dinten anggoro kasih
tabuh Surya kaping pungkasan
Tabuh mletekipun surya
Nama mangsaku sing wis kelakon
Yuswa gangsal welas warsa
Sarira bade kaleremaken wonten telengipun manah
Wanci tabuh tutupipun netra bagaskara
Kanti kairing tembang tembang waspa
Iki warta guritku
Kang sumende ing sumilire angin
Bakala gawa rerintih ati perih
Luhku wis garing mekingking
Kadya lulang kulit wayang
Ludiraku wus kaku
Tanpa bisa mili ing urat-uratku
Tuntas,tas,tas
Gurit sing katembangke ing kene
Mangsa kelakon
Keli dening banjir wektu
Mung Kari ninggal getun

Js,mangsaku 22 1 15


GARISING URIP

Kasebat asmaning gusti kang maha welas asih
Kinarya purwaka lakuning suku ing platarane esemmu
Pratanda antebing kalbu gya sabaya urip sabaya pati.
Senadyan katah janma kang bade memada
Nanging datan saged ngonduraken lumesating jemparing kang linepasaken saking langkap
"Nimas........
Gurit iki wis ginaris saka kersaning gusti
pait manising mung gumantung mring astaku lan astamu nggennya nyerat
Dede saka panduluning akatah...
Mula aja kendat meminta mring gusti
Muga ing tembe gurit iki bisa pinungkasi kanti atur panuwun"

Rembang,20/19'16

"GOODBYE"
Tembung saklimah
Rinasa abot ing jero manah
Rikala pesthi kudu tinampa ati
Pisah kudu dumadi
Aku mung bisa ngandha "goodbye" marang ndika
Dakpilih tembung manca kang ringkes, mentes, kebak teges
Pangajab nora ana waspa tumiba
Jebul seje kang dumadi
Luh tan binendhung saka netra
Ati kekes tanpa daya
19.10.2016 dening Nie luh




Tidak ada komentar:

Posting Komentar

 

Blogger news

Blogroll

About