AYO SINAU

Rabu, 24 Desember 2014

soal-soal semesteran 1 kelas IX



Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi menehi tandha ping (X) ing aksara a, b, c, utawa d

1. Sampun kaaturaken ing serat sedhahan wigatosing pahargyan ing siang punika. Tembung sedhahan ing ukara mengku teges...
a. ulangan                    b. ulem                                    c. kitir                          d. pengumuman
2. Res, sampun kalampahan rikala dinten Respati Manis 21 April 2008. Dinten Respati Manis sami kaliyan dinten....
a. Selasa Kliwon         b. Rebo Legi               c. Kemis Legi              d. Jum’at Legi
3. Adhiku lahir selapan dina kepungkur. Selapan dina padha karo .... dina.
a. 7                              b. 30                            c. 35                            d. 40
4. Ukara ing ngisor iki sing ora nggunakake tembung kawi yaiku....
a. Yen kepingin urip mulya kudu gelem cegah dhahar lawan guling
b. Prabu Dasamuka Nata ing Nagara Alengka seneng tumindak angkara.
c. Dupi midhanget ingkang rayi gugur ing rananggana sakala Prabu Dasamuka kantaka
d. Minangkani pamundhutipun para kadang kula badhe nyekar sinom nyamat.
5. Bapakmu arep lunga menyang Pekalongan. Ibumu takon marang kowe. Wangsulanmu sing bener nganggo basa krama ....
a. Bapak ape lunga teng Pekalongan.
b. Bapak wau matur manawi badhe tindhak ing Pekalongan.
c. Bapak mau dhawuh, manawi badhe kesah neng Pekalongan.
d. Bapak wau ngendika manawi badhe tindak dhateng Pekalongan.
6. Putrane Pak Marta sing nomer pitu jenenge Saptana. Tembung pitu basa kawine....
a. nawa            b. hastha          c. panca           d. sapta
7. Manut wacan sedhekah bumi sing ora kalebu tujuane dianakake sedhekah bumi yaiku....
a. nedhahaken kemakmurane desa Sangkanjaya        b. raos syukur dhateng Gusti Allah
c. nggadhahi panyuwun supados Gusti tansah paring kanugrahan dhateng warga dhusun
d. ngleluri dhawuhipun para sepuh lan buaya jawi jebabah ing bantala.
8. Tuladhane pala kesimpar yaiku...
a. manggis, kates                     b. pisang, nagka, duren
c. gembili, uwi, ganyong         d. waluh, pare, labu
9. Parikan iki terusna. Pitik walik tanpa lancur....
a. pangkat cilik arang nganggur          b. dingerteni mring wong tuwa
c. pitike di pangan kuwuk                   d. dadi murid aja nakal
10. Tuladhane parikan padinan ....
a. nyebar godhong kara, sing sabar sauntara
b. godhong jati godhong nangka, dimangerti mring wong tuwa
c. kelapa sawit wite dhuwur wohe alit, isih murid aja seneng keceh dhuwit
d. kodhoke kalungan kupat, surabaya kaline mati. Boyoke sing ora kuwat, larane setengah mati.
11. Bapak H. Warsita tanggap warsa kanthi nanggap wayang. Tanggap warsa wonten ing ukara punika mengku teges....
a. mantu          b. duwe gawe
c. pesta                        d. ulang tahun
12. Bapak H. Warsita sampun yuswa 55 taun. Yuswa tegese....
a. umur            b. putra
c. putu             d. mati
13. Widada dikongkon menyang omahe Pak Lurah. Yen didadekake basa krama alus....
a. Widada didhawuhi menyang daleme Pak Lurah.
b. Widada diaturidhateng griyane Pak Lurah.
c. Widada dipundhawuhi dhateng dalemipun Pak Lurah.
d. Widada dipunaturi dhateng dalemipun Pak Lurah.
14. Aku arep teka menyang omahe Pak Lurah. Yen didadekake basa krama alus sing bener.
a. Kula arep menyang dhateng griyane Pak Lurah.   
b. Kula badhe sowan dhateng dalemipun Pak Lurah.
c. Kula badhe dumugi dhateng griyanipun Pak Lurah.
d. Kula badhe tindak dhateng dalemipun Pak Lurah.
15. Adhine Bambang Sumantri yaiku....
a. Raden Sukrasana     b. Prabu Harjuna Sasrabahu
c. Bagawan Suwandhagni      d. Patih Suwanda
Kanggo soal no. 6 – 7 :
Ing Negara Magada, wis akeh para raja lan satriya sing ngleboni sayembara. Padha-padha  gedhe kekarepane, padha-padha ora gelem ngalahe wasana dadi perang rame. Pungkasane para raja lan satriya kalah kabeh karo Sumantri jalaran dheweke migunakake sanjata Cakra. Para raja telukan padha pasrah putri boyongan nganti cacah wolungatus. Sumantri klakon mboyong Dewi Citrawati kanthi srah-srahan putri dhomas cacah wolungatus.
16. Dewi Citrawati asale saka negara ....
a. Magada       b. Maespati
c. Alengka       d. Mantili
17. Sumantri klakon mboyong Dewi Citrawati kanthi srah-srahan putri dhomas kang cacahe....
a. rong atus      b. patang atus
c. limang atus  d. wolung atus
18. Suradira jayaningrat lebur dening pangastuti sesanti iku mengku teges....
a. sapa wae sing tumindak kumawani utawa ala bakal mati karo tumindak kang bener lan ngati-ati
b. sapa wae sing alang-alangi bakal disingkerake
c. wong urip kudu gelem metani awake dhewe
d. dadi pemimpin kudu gelem menehi conto sing dipimpin
19. Janur gunung kadingaren kowe mrene. Wangsalan iku kalebu....
a. wangsalan padinan              b. wangsalan edipeni
c. wangsalan lamba                 d. wangsalan memet
20. Wangsalan iki batangane apa? Isih esuk kok ngembang poong ngingklik wae arep menyang ngendi? Batangane....
a. poong          b. ingklik
c. uwun           d. dlongop
21. kula minangka talanging atur saking panjenenganipun Bapa Sawaldiyono. Tembung talanging atur  tegese . . .
a. nerusake lalakon                  b. minangka wakil
c. nerusake rembugan              d. nerusake laku
22. ing tanggap wacana penganten, bapak Handaya kuwi apane bapak Sawaldiyono ?
a. kanca                                   b. besane
c. mitra dagang                       d. urusane
23. gunemane wong marang anak kuwi lumrahe nggunakake basa . . .
a. ngoko lugu                          b. ngoko alus
c. karma lugu                           d. karma alus
24. menapa ibu kagungan arta ? ukara kuwi nggunakake basa . . .
a. ngoko lugu                          b. ngoko alus
c. karma lugu                           d. ngoko alus
25. tembung nyuwun pirsa, basa ngokone . . .
a. ngomong                             b. kandha                    c. taken                        d. takon
26. guru asmaradhana saben sapadane ana . . . gatra
a. 5                  b. 5                  c. 7                  d. 8
27. guru wilangane tembang asmardhana . . .
a. 8, 8, 8, 7, 7, 8, 8                  b. 8, 7, 7, 8, 7, 8, 8                 
c. 8, 8, 8, 8, 8, 7, 8, 8              d. 8, 8, 6, 8, 7, 8, 8
28. watake tembang asmaradana . . .
a. susah            b. seneng         c. sereng (galak)          d. kejem
29. purwakanthi lumaksita kuwi kang runtut . . .
a. tembange     b. aksarane      c. swarane                   d. sastrane
30. karsa merak lan mendhak yen arsa nyanak, unen-unen kasebut klebu purwakanthi . . .
a. sastra           b. swara           c. basa                                     d. lumaksita
31. alhamdulilahi robiil alamin wabihinastain . . .  (lan sateruse) lumrahe nggon sesorah kae diarani . . .
a. ukara pambuka        b. isi sesorah
c. ukara panutup          d. ukara basa arab
32. Tembung  “para hadirin wal hadirot” asale saka basa . . .
a.para tamu kakung miwah  putri        b. para rawuh kakung miwah puti
c. wong sing kemaki                           d. wong sing ora sopan
33. emban cindhe emban siladan  tegese. ..
a. mbedak-mbedakake                        b. ngopeni anak
c. ndhidhik anak                                 d. padha kabeh
36. lambe satumang kari samerang, tegese . . .
a. lambene  lara                                   b. ngandhani karo jengkel
c. ngandhani terus                               d. dikandhani
37. tembang macapat Sinom saben sapadane ana . . . gatra
a. 6      b. 7      c. 8      d. 9
38. guru wilangan tegese . . .
a. cacahing wanda                   b. cacahing gatra
c. dhong-dhinging swara        d. jumlah baris
39. guru lagu tegese . . .
a. cacahing wanda                   b. cacahing gatra
c. dhong-dhinging swara        d. jumlah baris
40. geguritan kuwi kudu nganggo watton . . .
a. cacahing wanda                   b. cacahing gatra
c. dhong-dhinging swara        d. a,  b, c, salah kabeh 

dening : nikmatu amalina 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

 

Blogger news

Blogroll

About