AYO SINAU

Rabu, 17 Desember 2014

Basa Jawa


Basa Jawa (Basa Jawa ) iku kagolong basa Austronesia, ya kuwi basa-basa sing dianggo sawarna-warnané bangsa pribumi ing kapuloan sakidul-wetaning bawana Asia. Basa Jawa kasebar wiwit pucuk kulon pulo Jawa, Banten nganti pucuk wétan Banyuwangi déning kurang luwih 80 yuta panutur ibu. Kajaba iku, basa iku kasebar ing Indonésia saka Sumatra nganti Papua, Timor Wétan, Malaysia, Singapura, Taiwan, Hong Kong, Walanda, Suriname, Curaçao, lan ing Kaledonia Anyar.
Basa Jawa dadi salah sijiné panyumbang sing gedhé dhéwé kanggo panuwuhané basa Indonesia. Sanadyan dudu basa resmi ing pamaréntahan, basa Jawa nduwé pangaruh luwih akèh tinimbang basa-basa dhaérah liyané kayata ing kosakata, lan istilah-istilah sing kadhangkala nganggo tembung Jawa.

Peta iki gambar ing endi basa Jawa dianggo ing pasrawungan. Ijo tuwa tegesé basa Jawa basa mayoritas. Banjur ijo enom tegesé basa Jawa basa minoritas.
Basa Jawa iku bagéyan saka sub-cabang Sundik saka rumpun basa Melayu-Polinesia Kulon saka pang basa Melayu-Polinesia sing gilirané anggota basa Austronesia. Basa Jawa isih sedulur cedhak basa Melayu, basa Sundha, basa Madura, basa Bali, lan uga basa-basa ing pulo Sumatra sarta Kalimantan.
Basa Jawa dipigunakaké ing Jawa Tengah, Jawa Wétan lan uga pesisir lor Jawa Kulon. Banjur ing Madura, Bali, Lombok lan Tatar Sundha ing Jawa Kulon, basa Jawa uga ditrapaké dadi basa sastra. Basa Jawa uga basa dalem ing keraton Palembang, Sumatra Kidul sadurungé keraton iki dibedhah wong Walanda ing wusananing abad kaping-18.
Bab lan Paragraf
Pambuka
Basa Jawa bisa kaanggep salah sijiné basa klasik ing donya, basa iki nduwé sajarah kasusastran sing wis lawas banget. Lawasé luwih saka 12 abad. Para pakar basa Jawa mérang sajarah basa Jawa ing patang tahap:
Basa Jawa ditulis mawa/migunakaké aksara Jawa, (salah sijiné keturunan aksara Brahmi saka India), aksara Jawa-Arab (pégon) lan aksara Latin [1].
Sanadyan dudu basa resmi ing ngendi waé, basa Jawa basa Austronesia sing akèh dhéwé cacahé panutur ibuné.[2] Basa iki dituturaké lan dimangertèni déning kurang luwih 80 yuta jiwa wong. Kurang luwih 45% pedunung negara Indonesia keturunan Jawa utawa manggon ing Tanah Jawa. Mèh kabèh presidhèn Indonesia wiwit taun 1945 iku keturunan Jawa (sajatiné kabèh keturunan Jawa, B.J. Habibie uga ngaku yèn ibuné priyayi Jawa). Dadi ora nggumunaké yèn basa Jawa mènèhi pangaribawa akèh ing perkembangané basa Indonesia.
Basa Jawa Modhèrn bisa dipérang dadi telung dhialèk: dhialèk Jawa Kulon, dhialèk Jawa Tengah, lan dhialèk Jawa Wétan. Ing pulo Jawa ana sing diarani dialect continuum ('kasinambungan dhialèk') saka Banten ing ujung kulon tekan Banyuwangi, ing pucuk wétan. Kabèh dhialèk basa Jawa kurang luwih bisa dingertèni para panuturé (basa Inggris mutually intelligible).


Fonologi
Foném basa Jawa modhèrn lan baku iku:
Swara (vokal)

Swara:
Ngarep
Tengah
Wuri
i
   
u
e
É™
o
(É›)

(É”)

a

Pangucapan swara-swara iki rada njlimet. Ciri utama iku yèn ing basa baku Mataraman, /a/ ing wanda mawa posisi kabukak ing posisi pungkasan lan sadhurungé pungkasan, diucapaké kayadéné [ɔ].

Wyanjana (konsonan)
Konsonan (Wyanjana):


Labial
(Osthya)
Dèntal
(Dantya)
Alveolèr
Retrofleks
(Murdhanya)
Palatal
(Talawya)
Vélèr
Glotal
(Kanthya)
Letupan
p b
t d

ʈ ɖ
tʃ dʒ
k g
Ê”
Sibilan


s
*Ê‚


h
Ardhaswara
w
l
r

j


Nasal
m
n

*ɳ
ɲ
Å‹
 

Pènget: Foném mawa tandha * iku alofon.

Dhialèk-dhialèk basa Jawa
Basa Jawa iku akèh banget cara pituturané. Ana dhialèk sosial sing dibagé miturut hièrarkhi saka kasar tekan alus dadi :
ana basa sing mligi digunakaké kanggo keperlon resmi karaton
  • bagongan (dianggo neng kraton Ngayogyakarta adiningrat)
  • kedhaton (dianggo neng kraton Surakarta adiningrat)
Saliyané kuwi, ana dhialèk sing didasarké tlatahé lan ora sekabèhé dhialèk Jawa dimangarteni déning kabeh wong Jawa. Ing ngisor iki kapacak pamérangan miturut sawetara ahli basa Jawa: Poerwadarminta lan Uhlenbeck. Saliyané iku uga ditambah pamérangan Wurm lan Hattori. Wurm lan Hattori nggambar peta pamérangan dhialèk Jawa. Pamérangan para pakar iki rada séjé lan ora sarujuk siji lan sijiné.

Pamérangan Poerwadarminta

Miturut Poerwadarminta ing bukuné Sarining Paramasastra Djawa, dhialèk-dhialèk ana:
  1. Dhialèk Banten
  2. Dhialèk Cirebon
  3. Dhialèk Banyumas lan Tegal
  4. Dhialèk Bagelèn
  5. Dhialèk Ngayogyakarta lan Kedhu
  6. Dhialèk Surakarta, Madiyun lan Semarang
  7. Dhialèk Rembang
  8. Dhialèk Pasisir lor wétan (Tuban, Gresik, Surabaya)
  9. Dhialèk Malang-Pasuruhan
  10. Dhialèk Banyuwangi
Pamérangan Uhlenbeck
Dhialek-dhialek kuwi miturut ahli basa Walanda E.M. Uhlenbeck ing bukuné A Critical Survey of Studies on the Languages of Java and Madura (1964), dikelompokaké dadi 3 (telung) rumpun yaiku :
Kelompok ing nduwur iku biasané disebut basa Jawa ngapak ngapak utawa basa penginyongan.
Kelompok ing nduwur kaé biasané disebut basa Jawa baku.
Kelompok ing ndhuwur iku biasané diarani basa Jawa wétanan.

Pamérangan Wurm lan Hattori

Pamérangan Wurm lan Hattori (1983)
Wurm lan Hattori (1983:39) mérang dhialèk-dhialèk basa Jawa ing pulo Jawa dadi 7 bagéyan:
  1. Dhialèk Banten
  2. Dhialèk Lor-Kulonan
  3. Dhialèk Manuk
  4. Dhialèk Cerbon
  5. Dhialèk Kulonan-Tengah
  6. Dhialèk Wétanan
  7. Dhialèk "Regional Jawa ing Banyuwangi"[4]
Pamérangan unggah-ungguh basa Jawa
Basa Jawa iku bisa dipérang miturut unggah-ungguhé utawa uga diarani register. Manut undha usuk utawa unggah-ungguhé iku dadi
  • Basa Ngoko
  • Basa Madya
  • Basa Krama
Banjur uga ana sawetara tetembungan krama inggil lan krama andhap sing bisa dienggo ing saben register.
Gunané Basa lan kanggone Basa
Basa Ngoko
  1. Dienggo wong tuwa marang anaké
  2. Dienggo guru marang murid.
  3. Dienggo déning sepadha-padha kang wis kulina
  4. Dienggo ndhuwuran marang andhahan
Tuladha: Kowé gelem mangan sega lodèh mas?
Basa Ngoko Alus
  1. Dienggo déning wong-wong sapadha-padha sing wis kulina nanging isih ngajèni.
  2. Dienggo wong tuwa marang wong enom kang drajadé luwih dhuwur.
Tuladha: Panjenengan kersa dhahar sega lodèh Mas?

Basa Krama
  1. Dienggo déning wong kang durung raket banget.
  2. Dienggo déning wong kang durung tuang.
Tuladha: Sampeyan purun nedha sekul lodèh Mas?

Basa Krama Inggil
  1. Dienggo déning wong enom marang wong tuwa.
  2. Dienggo déning murid marang guru.
  3. Dienggo déning ngisoran marang dhuwuran.
Tuladha: Panjenengan kersa dhahar sekul lodhèh Mas?
Dhémografi panyebaran panutur basa Jawa

Delengen uga: Wong Jawa
Basa Jawa dipituturaké ing saindhenging Indonésia, negara-negara tangga Asia Kidul-wétan, Walanda, Suriname, Kaledonia Anyar, lan negara-negara liyané. Populasi panutur paling gedhé ditemokaké ing enem provinsi Jawa dhéwé, lan ing provinsi tangga Sumatra saka Lampung.
Sawijining tabèl kang nuduhaké gunggung panutur asli ing taun 1980, saka 22 provinsi ing Indonésia (saka total 27 ing wektu iku) kang nuturaké basa Jawa luwih saka 1%, yaiku:

Provinsi ing Indonésia
 % pedunung provinsi
Panutur basa Jawa (1980)
1.
6.7%
175,000
2.
21.0%
1,757,000
3.
1.0%
56,000
4.
17.0%
245,000
5.
12.4%
573,000
6.
15.4%
118,000
7.
62.4%
2,886,000
8.
8.5%
184,000
9.
3.6%
236,000
10.
13.3%
3,652,000
11.
96.9%
24,579,000
12.
97.6%
2,683,000
13.
74.5%
21,720,000
14.
1.1%
28,000
15.
1.7%
41,000
16.
4.0%
38,000
17.
4.7%
97,000
18.
10.1%
123,000
19.
1.0%
20,000
20.
2.9%
37,000
21.
3.6%
34,000
22.
1.1%
16,000

Cathetan suku lan réferènsi
1.      Van der Molen (1983:VII-VIII).
2.      Diirit déning, -- ora kalebu dhialèk Cina lan basa Indic kanthi status resmi negara -- basa Sundha saka bagéan kulon pulo Jawa
3.      Poerwadarminta (1953:2)
4.      Sajatiné sing dikarepaké iku dhialèk Jawa-Osing.
5.      Data dijupuk saka sènsus taun 1980 kayadéné kang dicawisaké déning James J. Fox lan Peter Gardiner lan diterbitaké déning S. A. Wurm lan Shiro Hattori, eds. 1983. Language Atlas of the Pacific Area, Part II: (Insular South-East Asia), Canberra.
6.      Ing taun 1980 iki klebu provinsi Banten, saiki kapisah.

Delengen uga

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

 

Blogger news

Blogroll

About