AYO SINAU

Sabtu, 22 Oktober 2016

MAWAR ABANG PUNGKASAN

Ing sangisore uwit randhu
Pinggir dalan naga geni
Satengah-tengah swara wesi tua
Kang padha kumliwer
Anganthi paseksen netra langit
Kang ngatonke cahya purnama
Aku lan sliramu nate andum prasetya
Janji menis bakal urip bebarengan salawase
Lumintang ing angkasa
Padha bungah amriksani
Rikala aku paring kembang mawar abang
Lan ndak cunduke ing rikmamu
Anambah manise esem sing tak anti
Ing sangisore kembang randhu
Sliramu pamit
Bakal gayuh ngilmu
Kanggo cagak laku urip
Ing sangisore kembang randhu
Mawar abang mau dadi pungkase
Patemon sing bakal anambah rasa kangen
Nalika ati lumaku ing wektu
Lan aku isih gawa janji prasetyaku
J Sumarto 27 05 16

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

 

Blogger news

Blogroll

About