AYO SINAU

Sabtu, 22 Oktober 2016

KENTEKAN PENGAREP-AREP
Apa sing bakal tak arep-arep
Nalikane awakku wus bacut adus kringet
Ngos-ngosan ngecaki wektu
Ing tengah-tengah sing sarwo klawu
Kang pener malah dadi ora bener
Sing mung akeh wicara kebak pangalembana
Sing setya tuhu malah dianggep tekon asu
Dene sing ngreksa lan eling
Kabuang saparan-paran panggon
Aku wis nglokro,………!
Rina sing lagi kewiyak bagaskara
Mbabar tanpa pengarep-arep
Arerepa kidung lumunture karep
J sumarto,22 1 15

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

 

Blogger news

Blogroll

About