AYO SINAU

Selasa, 23 Desember 2014

Menyusun Geguritan

dening : nikmatu amalina 


Wewaton geguritan kuwi padha karo puisi Indonesia modhern. Geguritan kudu karacik mawa tetembungan sing endah, banjur sinawung utawa karonce dadi ukara-ukara sing bisa nggugah rasa kesengsem tumrap sok sapaa sing maca. Lan kasok baline sing maca ya ora mung waton maca, nanging ya kudu bisa negesi utawa mangerteni ing endi dununging kaendahan gurit kuwi.
Babagan kang wigati digatekake nalika ngripta geguritan supaya bisa endah yaiku :
1.    Kahanane rasa utawa ati lan papan sakiwa tengene (lingkungan)
2.    Nemtokaken bakune pikiran (tema) yaiku gagasan (ide) baku utawi pikiran baku sing dadi dhasare geguritan.
3.    Milih irah-irahan sing apik utawa trep karo karepe gurit
4.    Milih tembung sing apik lan mentes lan pamilihing tembung dienggo ing geguritan sing cocok (diksi)   tuladha: tembung- tembung kang mbangetake   kahanan(anyep njejet, adhem njekut, sepi nyenyet, lsp)
5.    Bisa migunakake purwakanthi
Geguritan, kedadean saka tembung-tembung lan ukara sing dinggo caturan ing saben dinane ora bisa kasebut endah, nanging mung dadi layang wacan lumrah wae. Lamun dirasa tenan kok nggumunake, uwong kok gelem-geleme lan keraya-raya nganggit gurit, mangka pandhemene wis langka, kepara lamun ora ana sing gelem nguri-uri bakale ludhes kalindhes jaman. Kamangka sok sapaa bisa ngrasakake isine gurit, ora mokal bisa ngerti apa sing dikarepake penggurit bisa uga ngrasakake apa kang dirasakake penggurit nalika nganggit gurit, pamacaning gurit bisa ndudut rasa kepara bisa kanggo pengilon (mawas dhiri) nalika sawijining perkara tumanduk ing awake. Minangka penggurit, ora merduli babar blas ing bab gurit kuwi disenengi utawa ora dening sutresna utawa pamaose, nanging tetep mantep nganggit gurit kanthi sabar lan tlaten sing ora baen-baen, waton ati krasa lega bisa nyuntak utawa nggambarake apa kang diangen-angen embuh kuwi rasa seneng, gething keburu sengit utawa amung nyritakake kahanan.
Tembung-tembung sing nyleneh ing geguritan ngajab lamun gurit iku bisaa    milangoni (gawe ngungun, eram, seneng, trenyuh, kapang) uga manuhara (ngalem, ngrerepa murih kagatekake), bisa gawe adhem, resep, ayem, nggugah semangat murih bangkit datan rangu-rangu, dadia pitakon minangka seserepan murih tumancep rapet ing telenging nala minangka pamepering hawa. Ngrembakane geguritan kuwi uga trep kaya dene sipat lan kasunyatane puisi sing tansah butuh daya cipta (kreatifitas) manut dening rasa kaendahan (estetika) murih edi datan kelangan pilihan tembung utawa ukara, mliginine basa sing edi, yaiku basa sing dirasa kepenak dirungu. Dene basa sing dirasa edi kuwi yaiku basa Kawi, kepara panganggone basa Kawi wektu saiki suda, malah kepara wis arang-arang lan langka. Bab kuwi ora mung geguritan wae sing  wis ora nggunakake basa Kawi, jinis-jinis puisi Jawa liyane uga wis arang-arang sing migunaake basa Pujangga kuwi.
Tuladha Teks Geguritan
JUM’AT BERSIH
dening : Natya Ayu P
          Saben Jum’at,
          ing wektu pungkasaning wulangan,
          kanthi lap, sulak, sapu duk lan sapu sada,
aku sakanca siap siyaga,
nedya makarya resiking pawiyatan.
         
          Kanthi kapimpin para dwija,
          reresik kelas bebarengan,
          merang pakaryan bareng tumandang,
          ngelap kaca, nyulaki meja,
          nyapu kelas sarta latar,
          dimen resik lan gilar-gilar
Seminggu sepisan ing dina Jum’at,
          Kagunakake kanggo reresik sekolah,
          Sarana andhapuk karukunaning warga,
          Anggayuh pepenginan sejati.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

 

Blogger news

Blogroll

About