AYO SINAU

Rabu, 19 November 2014

cerita Rawa Pening

Wong-wong ing desa iku padha masak kang sarwa enak kanggo nyiapakake pesta. Kabeh padha saiyeg saeka kapti, ora ana kang keri. Wong-wong padha nyiapakake ubarampe pesta kang minangka wujud rasa syukur marang Gusti Kang Akarya Jagad. Ing tengah-tengahing padha nyambut karya mau, ana bocah kanga la rupane, pesing lan amis gandane, ora wangun sandhang panganggone, dedeg piadeg dhuwur kencur.
Mangerti kahanane kang kaya mankono. Waong-waong padha ora seneng, amarga manut kapitayane masyaraket, bocah ala iki bakal sial, ora oleh berkahanggone pesta. Kagawa rasa ora seneng mau, mula bocah ala rupane ditundhung kanthi kasar.  Bocah mau biasane mung nangis. Karo mlaku sempoyongan amarga  wis pirang-pirang dina ora mangan,bocah ala mau lunga lan ngodoh saka wong-wong mau. Kanthi  ati kang lara lan nabet jroning diece, ditendhang, bocah ala mau nasak lurung, mlaku menyang kampung kang tanpa arah lan tujuane. Anggone mlaku ora krasa tekan papan panggonan arupa gubugan kang sepi kahanane lan adohe papane saka masyarakat kanan kering. Gubug mau mung dienggoni wong tuwa wedok kang wis dadi randha.
            Ing gubug mau, bocah elek rupane dirumat dening simbah randha. Dheweke diwenehi pangan kanthi lawuh apa anane. Sawise  mangan, bocah ala mau crita marang simbah , yen dheweke yaiku Baru Klinthing utawa Jaka Bandhung utawa Jaka Pening. Simbah mau tresna banget marang Baru Klinthing, malah urip bebarengan sawetara dina. Bareng wis rumangsa cukup dibantu marang simbah , Baru Klinthing nerusakake laku lan marani wong-wong kampung kang wis nglarakake atine. Sadurenge lunga, Baru Klinthing weling utawa pesen marang simbah , yen mengko ana prasastawa gedhe, simbah supaya numpak lesung minangka kanggo prau lan enthong minangka kanggo wilahan. Ing batin, simbah bingung karo welinge Baru Klinthing mau, nanging simbah tetep urmat lan ngeling-ngeling paweling kasebut.
             Lakune Baru Klinthing linambaran ati kang goreh lan nggawa sada lanang. Lakune wis tekan kampung kang dituju. Wong-wong padha metu lan ngusir marang Baru Klinthing kanthi kasar.
Nanging Baru Klinthing ora gelem lunga, malah nantang marang wong-wong kampung lan netokake sada lanang. Sada kasebut nuli ditancepake ing lemah. Wong-wong supaya ndudut  Sada mau, yen bisa diwenehi bebana dening Brau Klinthing. Krungu tembunge Baru Klinthingkang kaya mangkono, wong-wong padha nesu lan nyoba njabut sada mau. saka sing awake cilik nganti awake gedhe ora padha bisa njabut. Pungkasane, sada kajabut Klinthing lan muncrat banyu.Muncrat banu sansaya suwe sansaya gedhe. Wong- wong padha bingung lan golek papan panggonane kang luwih dhuwur, munggah omah, menek wit-witan dhuwur , menek wit klapa nanging banyune sansayasuwe sansaya gedhe lan ngratakake kampung mau. Omah, kewan,wit-witan, raja brana, raja kaya , lan wong-wong saka mau ora ana tilase, kabeh padha sirna amarga oleh piwelas saka tumindake dhewe. Kampung kang mirip rawa iku mau, diarani Rawa Pening.
Rawa pening saiki dadi panggonan plancongan ing Kabupaten Semarang, Jawa Tengah. Rawa iki ambane kurang luwih 2.670 hektar lan mapan ing Kecamatan Ambarawa, Bawen , Tuntang , lan Banyu Biru. Rawa iki mapan ing ereng-ereng Gunung Merbabu, Telomoyo, lan Ungaran. Rawa iki mapan kurang luwih 900 m sandhuwuring permukaan laut lan meh saperangan gedhe dithukuli enceng gondhok (eichornia crassipes).
Rawa pening dadi panggonane wisata kang ora tau sepi, senajan panggonane iki kurang dipeperti marang pamerintah ing nagri iki. Nanging , senajan mangono malaah dadi panggonan wisata air kang asipat alami. Yen arep padha praon bisa nyewa prau kanggo 10-15 wong kanthi rega kurang luwih selawe ewu rupiyah.
Saiki, Rawa ndhuweni pirang-pirang panggonan wisata, umpamane Tlogo, Lopait, Bukit Cinta, Muncul.
Panggonane iki rame ditekani plancongan . Umpamane wae ing Muncul, wong-wong seneng kanthi  masalah khas iwak bakar lan jajan liyane, saengga ndadekake Rawa Pening kang sansaya aril an wajib dipepetri amrih ora mati lan dadi ase budaya Jawa Tangah kang sansaya edi lan peni.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

 

Blogger news

Blogroll

About