AYO SINAU

Rabu, 24 Desember 2014

Kasustraan



Kawruh Kasustran Jawa 
dening : nikmatu amalina 
            Tembung kasusastran saking tembung susastra. Susastra punika seni basa. Gandheng susastra ngandhut seni mila ingkang dipunrembag kalebet kaendhahan basa. Endah punika relative miturut maneka warni kawontenan lan factor.nanging basa ingkang endah limrahipun asipat jangkep lan cetha. Dados ingkang dipunrembag salebeting kasusastraan inggih punika bab seni.
Basa lan sastra kalebet perangan kabudhayan. Kasusastraan salebeting kabudhayan Jawi “amab tebane” tegesipun kathah materi utawi bahan ingkang kaedah dipunwucalaken lan dipunrembakaken. Kasusatraan jawi miturut kempalaning bukti utawi tandha yekti ingkang gumathok saking asal-muasalipun sastra salebeting bebrayan, wiwit jaman kraton Kediri, Singosari, Majapahit, Demak, Surakarta, Ngayogjakarta, Balai Pustaka dumugi sapunika kalih inggih punika kasusastraan lisan lan kasusastraan tulis (Purwadi, 2006:197). Kasusastraan  lisan punika awujud dongeng, legenda, crita rakyat. Kasusastraan tulis awujud naskah, babad, novel. Kasusastraan tulis kepareng dados kalih inggih menika prosa (gancaran ) lan Puisi (geguritan). Miturut pangrembakanipun kasusastraan wujud puisi kepareng dados kalih punika puisi lama lan puisi baru. Puisi lama inggih punika salah satunggaling puisi ingkang kaiket paugeran-paugeran tartmtu (Purwadi, 2007: 197 ). Wujud puisi lama antawisipun kakawin, kidng, tembang, parikan lan wangsalan. Dene puisi baru inggih menika salah satunggaling puisi puisi ingkang boten kaiket patu paugeran-paugeran tartamtu. Tuladhanipun:
Kalabendu
Tak sengguh kala bathara wus lebur
Kisas karo bathara wisnu du king nguni
Nanging tibake kok ora
Abad nuklir lan globalisasi kok ya kaya-kaya
Anake kalabendu
Jalaran sajake dhengah uwong durung siap mecak
Yen wus siaga ngono ya ngono ana masalah
Balik sing durung kok ya kaya gantine kalabendu
Apa jangkane kalatidha tukul maneh
Mandi tenan sabdane R.Ng.Ronggowarsita
Kapan-kapan wae kalabendu bisa tukul maneh
Anggere titah nora waspada
Lan mung nuruti hawa
                                    Semarang, 12 April 1994
4. Puisi Lama
            Baribin (salebeting hidayah, 2008:2) ngandharaken bilih puisi utawi geguritan minangka karya sastra ingkang asipat puitis. Pamilihing basal an purawkanthi dados bab ingkang dipun gatosaken.
            Puisi ugi asipat padhat, tegesipun nadyan wujudipun cekak ananing puisi kedah ngandharaken pamikiran lan raos kanthi endah.
            Puisi-puisi inggih punika salah satunggaling puisi ingkang kaiket paugeran-paugeran tartemtu (Purwadi, 2007: 197). Paugeran puisi lama miturut Padmosoekotjo (2008:34) inggih punika :
a.       Dhong-dhing swanten ing pungkasan gatra kedah runtut (gatra swara)
b.      Cacahing wanda saben setunggal gatra kaliyan gatra sanesipun kedah sami
c.       Cacahing gatra boten tinamtu ananging limrahiupun sekawan gatra.
Jinising puisi lama wonten gangsal inggih punika :
a.       Kakawin
Tembung kakawin asalipun saking babas kawi tegesipun syair, ing jaman kina tiyang wasis ndamel kasusastraan kakawin dipun wastani karya. Titikaning inggih punika saben setunggal pada kadadosan saking sekawan gatra lan saben gatra gunggungipun wanda punika sami. Dene kakawin-kakawin ingkang wonten antawisipun inggih punika kakwin sardula wikridita kakawin, lalita wisma, aswalalita, raga kusuma.
Tuladha:
-          Kakawin Garirangsi
Singgrong iong paras oraras aleye kahawan ika ri tepi kang de kung,
Raniyatuntun angelih ika sang ahayuteher inamber agupyaningras,
Sobarun rara raras ika saka mulatan irik ari amangun lenglen,
Ardhasor raras iku ri kayu ni sang amunahi sang garirangsi.
            Tegesipun :
-          Kakawin Garirangsi
Ceruk watu padas ingkang lunyu sarwa nengsemaken mapan wonten sisih margi ingkang dipuntumapaki dening tiyang ingkang nembe kasmaran,
Katnhi gemulai tiyang punika bombing nimas ayu ingkang lelah lajeng dipunelus-elus saha gegujengan.
Kaendahing paras nimas ayu andadosaken sedaya ingkang dipungatosaken terpikat,
Sedaya kaendahan kalah dening kaecantikan paras sang penakluk ing sanggar asmara.
b.      Kidung
Ing jaman tengahan, leresipun ing akhir jaman kapujanggan Majapahit wonten genre puisi ingkang diopunwastani kidung. Samenika kathah kitab ingkang dipunewahi  kanthi metrum kidung. Titikaning kidung inggih punika jumlah pada tete, lan jumlah wanda saben gatra tetep. Dene jinising kidung antawisipun punika kidung harsiwijaya, subrata, sudayana, sorandaka,ronggolawe, wanbang wideya lan panji prakosa.
Tuladha :
Kidung  Subrataka
Sangtabyana ta pakulun
Rancana cipta kumawi
Panji praksa tembange
Ki Subrataka kang winuwus
Luputa rng lara roga
Nirmala waluya jati
Lauputra ring pamurung
Luputra ring baya pati
Tegesipun :
Bagyaning sang gusti
Kisah pacoban badhe dipunsekaraken
Kanthi sekar panji prakasa
Lampahipun Ki Subrata
Mugi-mugi luput saking sambekala
Nirmala lan sehat wal’afiat
Luput saking alangan
Luput saking bebaya pati
c.       Parikan
Parikan Ing basa Indonesia asring kawastanan pantun. Parikan punika kalebet puisi arupi tembang utawi unen-unen ingkang kadadosan saking kalih ukara ingkang dhapukanipun mawi purwakanthi guru swara, saben ukara dumadi saking kalih gatra, ukara kapisan manangka purwaka, dene ukara kaping kalih minangka wosipun (Sutardjo, 2008:104). Wondene Suwanto (2007:81-82) ndandharaken, bilih parikan punika limrahipun dipun ginakaken kangge medharken raosing manah oinggih punika ukara ingkang isi uatwa waosipun, kanthi dipunwiwiti ukara sanes inggih punika ingkang kawastanan ukara purawaka utawi sampiran. Ginanipun ukara purwaka naming nari kawigatosipun tiyang ingakng dipuntuju, supados saderengipun ukara ingkang ngadhut isi dipunwedharaken tiyang punika saged kayungyun manahipun, stemah lajeng nggatosaken dhareng ukara ingkang ngandhut isi (wosipun ingkang bahde dipunwedharaken).





Tidak ada komentar:

Posting Komentar

 

Blogger news

Blogroll

About