Katresnan kuwi mulya. Dudu barang sepele. Mangkono
wewarah kang bisa kita jupuk saka lelakone Dewi Ambika, putrane Prabu
Darmamuka, narendra ing Giyantipura. Kadhung nibakake tresnane marang
Dewabrata, kok satriya iku arep ninggal mlayu. Mesthi wae ora trima,
nganti kapan wae Ambika nedya nagih kesaguhane Dewabata.
Prabu Darmamuka darbe putra telu, yaiku: Dewi
Ambika, Ambiki, lan Ambahini (uga sok disebut Amba, Ambika, lan
Ambalika). Giyantipura nagara makmur merga ratune adil. Anggone jumeneng
nata diembani Patih Trimuka. Senapatine raseksa kembar Wahmuka lan
Arimuka.
Ngancik diwasa, putri nata tetelune mekar dadi
wanodya sulistya, ndadekake akeh satriya lan raja mudha saka mancanagara
padha kepencut kepengin nglamar minangka garwa. Sang prabu bingung
nemtokake endi kang kudu ditampa. Atas ature patih, Sang Prabu nuli adeg
sayembara. Minangka jago, Wahmuka lan Arimuka. Sapa kang bisa ngasorake
wenang mboyong putri tetelune.
Akeh satriya lan raja padha ngleboni sayembara
kuwi. Nanging siji baka siji nalika genti-genti munggah blabar kawat,
ora ana kang kuwawa nandhingi Wahmuka lan Arimuka. Senapati raseksa loro
kuwi kaya ora tau bisa mati. Saben salah siji mati, kuwandane dilumpati
sedulure, bali urip maneh. Wekasane kang mupu sayembara padha mulih
tanpa asil.
Sayembara iku uga kapireng Prabu Sentanu, nata
Astina. Sang nata kagungan putra telu, Dewabrata, Citragada, lan
Citrasena. Tetelune wis diwasa, ning durung palakrama. Sang nata ngutus
Dewabrata kang pambayun supaya ngleboni sayembara.
Nadyan abot nindakake dhawuhe kang rama, Dewabrata
matur sendika. Satriya bagus iki sejatine wis sumpah nedya wadat, ora
palakrama selawase, merga ora kepengin gumanti nata. Lakune Dewabrata
menyang Giyantipura kadherekake panakawan catur.
Cekake crita, Dewabrata wis teka ing Giyantipura,
banjur munggah blabar kawat nandhingi Wahmuka lan Harimuka. Nganti
sawatara suwene anggone padha perang tandhing, ning ora ana kang kalah.
Senapati buta loro iku saben salah sijine tiwas, kuwandane dilangkahi
sedulur kembarane, jegegah bali urip maneh..
Mangkono wola-wali nganti Dewabrata kekeselen.
Banjur takon marang Semar, apa wewadine mungsuhe kuwi. Semar ngulungake
kunir-enjet lan matur supaya diolesake ing pucuk kerise Dewabrata. Keris
diolesi kunir-enjet, Dewabrata bali maju maneh. Lan aneh, nalika
Wahmuka kesuduk, sanalika sirna malih dadi kawah. Dene Arimuka malih
dadi ari-ari. Jebule buta loro kuwi panjalmane kawah lan ari-arine putri
nata Giyantipura.
Prabu Darmamuka resmi maringake putri tetelune
marang Dewabrata. Dewi Ambika digarwa Dewabrata, Dewi Ambiki digarwa
Citrasena, lan Dewi Ambahini digarwa Citragada. Kanggo sauntara,
Dewabrata lan Dewi Ambika mapan ana kraton Giyantipura.
Dewi Ambika tresna banget marang Dewabrata. Yen
turu, ora gelem adoh, njaluke tansah ditunggoni. Ning Dewabrata banjur
eling marang prasetyane wadat. Mula, nalika Dewi Ambika lagi turu
kepati, kanthi sesidheman metu saka kraton nedya bali menyang Astina.
Ning, lagi tekan tapel watese kutha, ketututan Dewi Ambika. Sang dewi
mbondheti nedya melu menyang ngendi wae. Dewabrata panggah ora gelem
dieloni. Malah ngunus keris kanggo meden-medeni. Lan tanpa disengaja,
keris ngenani Dewi Ambika temenan, ndadekake patine.
Sasedane Dewi Ambika, ana swara ngumandhang ing
langit ngandharake, besuk Dewabrata bakal nemahi pati ing tangane
senapati wanita ing perang Baratayuda. Bab iku tembene kedadeyan tenan.
Dewabrata kang besuke dadi pandhita jejuluk Resi Bisma, nalika madeg
senapatine Kurawa gugur lumawan Srikandhi.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar