Uwong yen wis darbe samubarang tur rumangsa
digdaya kerep-kerepe banjur takabur. Semono uga Prabu Kalimantara, ratu
saka nagara Nusantara utawa Cempaka Kawedhar iki. Wujude buta, sekti
mandraguna. Isih enom, gegayuhane ngrabi widadari lan nguwasani
tribawana.
Ana ing negarane sing gedhe lan jembar
laladane, Prabu Kalimantara mbawahake wadyabala raseksa kang seneng ulah
kaprajuritan, prigel-prigel nggunakake sanjata lan kedhotan. Para
nayakane prasasat ora ana kang ora duwe kasekten.
Para agul-aguling praja mau, ing antaraning
kaya ta Arya Sarotama, Ardadhedhali, Tunggulnaga, lan Karawelang. Sang
nata uga kagungan titihan garudha yaksa aran Banarata, ndadekake Prabu
Kalimantara saya diwedeni dening para ratu saindenging ndonya.
Ringkesing crita lelakone Prabu Kalimantara
iki, nuju sawijining dina sang prabu nglurug perang menyang Suralaya
ngirid bala yaksa sagelar-sapapan. Sang Prabu nedya nyuwun widadari
sajodho kang bakal dikarsakake minangka garwa prameswari.
Para wadya dorandara maune iya padha nyoba
arep mbalekake bala raseksa kang nggunggahi kahyangan iku. Nanging wadya
dorandara tetela ora kongang nadhahi yudane para manggala perang
wadyabalane Prabu Kalimantara sing racak-racake padha dhugdheng kuwi.
Wadya dorandara keseser perange, dhinawuhan
padha mundur. Kori Selamatangkep age-age ditutup. Para raseksa ngepung
rapet Repatkepanasan. Bathara Guru lan Bathara Narada banjur nganakake
pirembugan, netepake manawa perlu golek jago kanggo ngundurake para
raseksa Prabu Kalimantara sawadya iku.
Untung dene wadya raseksa kang ngepung
Repatkepanasan kuwi isih bisa disemayani. Bathara Narada banjur golek
sraya marang Wukir Retawu padhepokane Begawan Manumayasa.
Sang begawan iku apeputra loro, yakuwi
Bambang Sekutrem lan Bambang Sriyadi utawa Bambang Sriyati. Kekarone
marisi sipat lan budi luhure kang rama.
Hyang Narada, sarawuhe ing Pratapan Wukir
Ratawu banjur ngendika marang Begawan Manumayasa yen ngersakake mundhut
putrane Begawan Manumayasa, ya Bambang Sekutrem, kinarsakake minangka
jago kanggo munah satru sekti Prabu Kalimantara sawadya kang ngunggahi
Suralaya. Sadurunge budhal, dewa maringi nugraha sanjata panah aran
Pasopati marang Bambang Sekutrem.
Sawise matur sendika, Sekutrem banjur
methuki Prabu Kalimantara sawadyabalane kang kandheg ana jaba amarga
gapura lawang seketheng Selamatangkep ditutup dening Bathara
Cingkarabala lan Bathara Balaupata, dewa loro kang tugase njaga gapurane
kahyangan.
Bareng weruh ana satriya ijen tanpa rowang
marepegi, Prabu Kalimantara cingak. “We lha dalah! Kok iki para dewa
mung ngajokake jago manungsa lumrah. Sing jenenge para dewa dhewe, kang
padha nduweni kadigdayan wae wis ora ana sing kuwawa nandhingi
yadaningsun, kok iki.…” mangkono batine Prabu Kalimantara.
Prabu Kalimantara banjur ndhawuhi
titihane, garudhayaksa Banarata supaya nladhung Sekutrem. Ananging
Sekutrem wis siap. Jemparing Pasopati linepasake ngenani Garudha
Banarata lan Prabu Kalimantara pisan. Prabu Kalimantara nggereng
sarosane, banjur ambruk ndhepani bantala, nemahi pati bebarengan karo
titihane.
Kaget semu gumun weruh ratu-gustine tiwas,
para manggalayuda, Arya Sarotama lan Ardadhedali sawadya ngroyok
Sekutrem. Ananging sing dikroyok iku satriya srayaning dewa sing banget
prigel ulah sanjata. Wadya raseksa padha sirna gempang tan mangga
puliha.
Lan eloking lelakon, dene kuwandane Prabu
Kalimantara banjur malih dadi senjata pusaka Jamus Kalimasada. Kuwandane
para manggala uga dadi gegaman kang tembene dadi pusakane Pandhawa.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar