AYO SINAU

Kamis, 08 Januari 2015

Surasa Piwulangan

Guneman Kanthi Unggah-ungguh Basa
dening : amalina 
Ana wewengkon bebrayan Jawa wis kawentar luhuring tata karma mangkono uga ing bab basa Jawa. Basa Jawa uga duweni tata karma kang diarani “ unggah-ungguh basa utawa undha usuking basa. Ing jaman saiki undha usuk kaperang dadi loro, yaiku basa ngoko lan basa karma. Basa ngoko kapernag dadi ngoko lugu lan ngoko alus dene basa karma kaperang dadi karma lugu lan karma alus.
1.      Basa Ngoko Lugu
Wujude : tembung ngoko kabeh
Gunane :
A.    Wong tuwa marang anake/wong enom
B.     Wong kang wis rumaket srawunge
C.     Marang sapadha-padha, kanca
D.    Pemimpin marang andhahane
E.     Guru marang muride
2.      Basa Ngoko Alus
Wujude : tembunge ngoko kacampur karma, sing dikramakake puruse ( sesulih wong : aku, kowe, dheweke) lan tembunge kriya/tanduk.
Gunane :
a.       Wong tuwa marang womg enom sing luwih dhuwur pangkate.
b.      Wong sing rumaket srawunge, nanging padha dene  kepengin ngajeni marang sing diajak guneman.
Sesebutan kowe lumrah digunakake yen kaprenah tuwa, kowe dadi panjenengan, yen kaprenah enom kowe dadi sliramu, kene slira .
3.      Krama
Wujude : kabeh tembunge nganggo basa karma.
Gunane :
a.       Murid marang gunane
b.      Wong enom marang wong tuwa.
c.       Pawongan kang duning tepang.
4.      Basa Krama Inggil
Wujude : tembung- tembung  krama lan karma inggil, tembunge krama tumrap awake dhewe tembunge karma inggil tumrap kang diajak guneman.
            

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

 

Blogger news

Blogroll

About